Friday, September 13, 2013

Essay BLSM



BLSM kok salah sasaran

BBM mundhak. Ukara iki pancen dudu prakara anyar sing ditindakna pamarentah Indonesia. Kabeh dadi sarwo larang, kawit bensin, solar, nganti sembako uga melu larang. Ancas Pamarentah ngundhakake BBM iku amarga APBN wis ora bisa nyukupi maneh menawa digawe nyubsidi terus-terusen. Banjur kanggo ngringanke bebane wong meskin, pamarentah menehi bantuan sing jenenge BLSM (Bantuan Langsung Sementara Masyarakat). 

BLSM iki pancen nuwuhake pro lan kontra, sejatine iki ya rada kurang bener, amarga BLSM iku sifate mung sawetara wektu, mangka BBM mundhak iku ora mung sedhela. Banjur apa rakyat uga bakal bisa katulungan kanggo nyukupi kebutuhan padinane kanthi BLSM. Apa maneh akeh kasus BLSM salah sasaran, apa iku ora nambahi sangsarane wong meskin ?

Ora akurate data sing dadi panyebab utamane BLSM salah sasaran. Mangka dana sing sejatine kanggo wong sing luwih mbutuhake, malah ora katuju sasaran tenan. Kabukti akeh wong sing mampu materine, melu katut kaduman dana BLSM. Iki sing marakake jenjeme wong meskin, amarga akeh jenenge wong meskin sing ora kecantum dadi panrima BLSM. Apa maneh sejatine pamerentah menehi BLSM iku mung kanggo srana bantuan, dudu kanggo nyukupi kabeh kabutuhan rakyat seteruse. Banjur bisa krasa orane Panrima BLSM marang dana sing jumlahe Rp. 150.000, iku uga gumantung karo kabutuhan sing kudu dicukupi.  

Yen mengkene, bola-bali wong cilik sing tansaya sangsara, ana panduman BLSM ya ndelalah ora bisa kaduman kabeh. Mangka pamarentah nduweni tanggung jawab ngeyubi rakyat meskin lan makmurake rakyate, mligine prakara ekonomi. Mula supaya ora salah sasaran mengkono, kudune dianake survei utawa terjun langsung ning lapangan, kanggo nyateti sapa wae sing sejatine duweni hak nampa BLSM lan sapa sing ora, kareben wektu ana panduman BLSM  datane bisa akurat lan ora nuwuhake prakara maneh sing anyar. Senajan anaa BLSM, nanging masarakat uga aja banjur nggantungake marang BLSM amarga sifate iku mung sawetara wektu, pamerentah menehi BLSM nganti 6 sasi wae.

Thursday, September 12, 2013

Essay



Ning ngendi hake wong mlaku

Was-was pancen, nalika ana ing dalan gedhe, rasane keslametan iku wigati banget. Ora mung kanggo kendaraan umum nanging wong mlaku wae atine ora pati ayem. Kok bisa? kepriye arep ayem yen dalan iku mung kanggo ajang sewenang-wenange kendaraan umum. 

Saben tahun, jumlah kendaraan umum iku saya suwe saya akeh. Wiwit sing roda 4, roda 2, nganti roda 3 uga ora keitung jumlahe. Dadi saben dina dalan iku katon rame banget, kadhang nganti sok macet. Prakarane ora mung macet wae nanging kelakuane para pengendara motor sing terkadang gawe jengkele wong mlaku ing trotoar uga dadi prakara sing kudu dituntasake. Biasane prakara iku disebabake dening pengendara motor kang ora sabar lan pilih dalan pintas, yaiku nrabas dalan kang ora sejatine kanggo lewat kendaraan motor.

Kedadean sing kaya mengkana pancen akeh ditemoni ing kutha-kutha gedhe. Dadi ya ora gumun nalika ana sawetara motor lewat ing trotoar kanthi sapenakke dhewe. Padahal sejatine pamarentah nggawekake trotoar iku khusus mung kanggo wong mlaku, supaya wong mlaku iku bisa ngrasa aman lan kepenak nalika mlaku ing pinggir dalan. Nanging amarga kahanan sing malih beda, trotoar saiki bisa dadi ganti guna sing ora samesthine. Akibate wong mlaku malah kudu ngalah marang pengendara motor sing lewat trotoar, nanging yen suwe-suwe dijarake lan sansaya kebangeten, mesti iku uga bisa ndadekake prakara anyar sing ora dikepengini.

Mangertine kahanan sing kaya mengkana, pamarentah duweni tanggung jawab supaya ngetatake peraturan ing dalan, sebab saben dalan iku duwe aturan dhewe-dhewe. Khususe dadi tugase polisi lan Dishub supaya nertibake pengendara motor sing isih seneng lewat dalan sing ora dadi hake, amarga iku wis termasuk nglanggar hukum.

Padahal awake dhewe asring nganggep masyarakat wetanan iku luwih duweni adab ketimbang masyarakat kulonan. Nanging yen egone wae isih diluwih utamake, iku padha wae ora trep kaya apa sing dikandakake mau. Aja nganti awake dhewe dadi bangsa sing ora duweni adab, amarga luwih mentingake urusan pribadi katimbang urusane liyan.







Suluk



Suluk Gatoloco

Cariyos ing Suluk Gatoloco kawiwitan ing negara gung gemah ripah tata raharja karan Jajarginawe, wonten ratu nama Suksmawisesa gadhah putra ingkang awon sanget. Putra punika dipun paringi nama Gatoloco. Nanging danguning- dangu ibunipun gatoloco mboten kiyat gesang kaliyan pajenengane. Lajeng gatoloco katundhung, kapurih tapa gentur ing papan sepi ingkang aran Waringinsungsang. Kesahipun kairing abdi dalem asmanipun Darmagandhul. Dedeg piyadegipun Darmagandhul ugi awon sanget.

Sasampunipun mertapa salami 21 taun panyuwunanipun katampi dening Hyang Ingkang Murbawisesa. Gatoloco lajeng kasinungan wahyu baud, nyrekal mring samining jalma, tan nggegulang mring wicara langkung wasis, tan sinau nanging lebet ilmunipun, lan mumpuni dhumateng sakathahing sastra. Lajeng gatoloco nyuwun idi dhumateng ramanipun supados nglilani gatoloco ingkang badhe lelana. Nanging ing lelana, gatoloco remen sanget madat lan minum, punika dadosaken darmagandhul sedih sanget amargi menawi dipunaturi malah ndukani.

Gantos cariyos, wonten 3 kyai saking pondhok Rejasari dipun iringi 6 santri lelana badhe sowan dhateng podhok ing Cepekan. Tetiganipun Kyai wau kasinungan ilmu ingkang wiyar. Nalika panjenengane sedaya ngaso ing pinggir margi sangandhapipun wit ringin ageng, wonten tiyang ingkang alit, rekmanipun kriting, praupanipun kucem, socanipun kera, kekalih imbanipun gathuk, grananipun pesek, tutukipun alit. Tiyang wau gatoloco. Tanpa ewet, gatoloco nyumet rokok, asepipun ngeblebeki 3 kyai lan santri ingkang wonten ngriku. Lajeng 3 kyai lan santri menika sami nacat gatoloco ingkang mboten gadah trapsila lan tatakrama. Danguning-dangu Gatoloco mboten trima yen panjenengane dipuncacat kaliyan tiyang-tiyang wau, kagem nglipur manahipun, gatoloco mundhut candu lan ditedha ngantos telas. Lajeng gatoloco dados katon sabar nrima panacat tiyang-tiyang wau.

Salah satunggaling kyai, nyobi aruh-aruh lan taken asmanipun gatoloco. Nalika mangertosi asmanipun gatoloco, kyai wau gumajeng lan nerangaken menawi gatoloco punika asma ingkang awon lan saru sanget, mboten sanes aran peranganipun badan manungsa kakung. Lajeng Gatoloco nyuwun para kyai tuwin santri saking Rejasari punika sinten ingkang saget ngandharaken ing antawisipun dhalang, wayang, kelir lan lampu blencong ing pakeliran wayang punika sinten ingkang langkung sepuh. Nanging mboten wonten tiyang ingkang wangsulanipun leres. Gatoloco marahaken ingkang langkung sepuh inggih menika lampu blencong. Nanging, Gatoloco tansaya pethakilan nalika njlentrehaken pralambang blencong, kelir,wayang lan dhalang. Tigang guru saha nenem santri dangu-dangu rumaos mboten remen dhumateng pratingkahipun Gatoloco. Para kyai lan santri kalawau lajeng nilaraken Gatoloco. Mangertosi dipunjaraken kaliyan dipuntilaraken, gatoloco misuh-misuh. 

Lajeng wonten tiyang kalih nama Suto kaliyan Noyo, ngaso ing sandinge gatoloco. Suto lan Noyo nyumet rokok, ingkang asepipun ngeblebeki gatoloco ingkang dadosaken gatoloco murina lan misuh-misuh. Mireng pisuhanipun gatoloco, Suto kaliyan Noyo ugi murina, lajeng sami-sami pisuh-pisuhan. Gatoloco lajeng aben elmi kaliyan kekalihipun, babagan gesang-pagesangan. Ingkang pungkasanipun, gatoloco dipuntilaraken kaliyan Suto lan Noyo.

Gantos cariyos, 3 kyai kaliyan santri 6 wau, dumugi pondok ing cepekan. Ing ngrika para tiyang wau matur kaliyan kyai Hasan Besari menawi nalika nglelana datheng pondok cepekan, kepanggih tiyang ingkang awon sanget rupanipun kaliyan pratingkahipun nanging elmunipun inggil sanget. Tiyang wau nama Gatoloco. Midanget punika, kyai Hasan duka, lajeng ngutus 3 santri supados mbekta gatoloco dateng pondok cepekan kangge aben elmi kaliyan panjenenganipun. Kyai hasan ngendika menawi panjenenganipun kawon, panjenengane bakal nyuwek tutukipun. 

Pungkasan, santri ingkang dipunutus kyai hasan kalawau saged mbekta gatoloco ngadep kyai Hasan. Lajeng gatoloco kaliyan kyai hasan aben ilmu ing langgar, nanging kyai hasan kawon. Ilmunipun gatoloco jebul langkung inggil babagan gesang pagesangan kaliyan agama katimbang kyai hasan. Lajeng kyai hasan kesah nilar saking Pondhok Cepekan, sedaya kagunganipun, sedaya santri, sedaya guru tuwin sedaya kyai tamunipun saking Rejasari kapasrahaken dhateng Gatoloco. Sageta kawucal sedaya ngelmunipun.

Sesampunipun kyai hasan nilaraken pondok, gatoloco mucal para santri igkang kathah. Panjenenganipun mucal sedaya ilmu ingkang panjenenganipun gadhahi. Sasampunipun rinaos cekap, Gatoloco lajeng nilar Pondhok Cepekan, sedya ngulandara malih. Nanging piyambakipun weling dhateng para santri bilih mboten dangu malih badhe wangsul ing pondhok punika. Samangkih sasampunipun wangsul saking ngulandara, Gatoloco badhe mucal para santri malih murih sansaya tambah ngelmunipun, inggih ngelmu babagan sangkan paraning dumadi. 

Wusana, Gatoloco dumugi ing ereng-erengipun Gunung Endragiri. Ing tlatah punika dedunung sawetawis begawan, resi lan wiku. Gatoloco lajeng wiwit nyebar cangkriman, nedahaken kalangkunganipun. Nalika wonten begawan, resi lan wiku ingkang nanggapi cangkrimanipun, Gatoloco lajeng ngejak bantahan ngelmu. Kanyata, para begawan, resi lan wiku wau mboten saget ngugemi sipat sabar nalika pepanggihan lan bantahan ngelmu kaliyan Gatoloco.
 
Ing pucukipun Gunung Endragiri punika dedunung para wanita dhusun ingkang kiyat mertapa Ingkang gadhah ratu nama Retna Dewi Lupitwati. Piyambake Sekti mandraguna, ageng pangaribawanipun, tuwin sanget dipunsuyuti dening para prajuritipun. Para punggawanipun sedaya wanita, sedaya ugi sulistya ing rupi.
 Dewi Lupitwati dedunung ing Cemarajamus, ing wewengkon Guwa Siluman ingkang kondhang wingit lan angker. Mboten wonten manungsa ingkang saget mlebet ing papan punika menawi mboten pikantuk idi palilahipun Dewi Lupitwati. Ananging Gatoloco kanthi gampil saget mlebet ing papan punika. Dewi Lupitwati kaget sanget mangertos wonten priya ingkang awon rupi lan wujudipun saget mlebet ing papan dunungipun. Dene Gatoloco lajeng lenggah sesandhingan kaliyan Dewi Lupitwati. Patrapipun damel dukanipun sedaya punggawanipun Dewi Lupitwati. Dewi Mlenukgembuk ingkang sepisanan duka dhateng Gatoloco. Dipunsusul Dewi Dudulmendut, Dewi Rara Bawuk, Dewi Bleweh lan ingkang pungkasan Dewi Lupitwati piyambak. Sedaya wanita ingkang sulistya ing rupi punika mbabar cangkriman ingkang kedah dipunbedhek dening Gatoloco. Lan kawusananipun, Gatoloco saget mbedhek sedaya cangkrimanipun. Salajengipun sedaya wanita punika pasrah bongkokan dhateng Gatoloco, sedya dipundadosaken punapa kemawon dening Gatoloco.  Gatoloco dados remen sanget. Punapa malih nalika mireng ngendikanipun Dewi Lupitwati ingkang nelakaken pasrah jiwa raga dhateng Gatoloco sasampunipun Gatoloco kasil mbedhek sedaya cangkriman ingkang dipunbabar para punggawanipun lan cangkriman ingkang dipunbabar piyambak. Anehipun, sikep umuk lan adigang, adigung tuwin adigunanipun Gatoloco lajeng luntur. Gatoloco malih dados priya ingkang ageng pangaribawanipun. Lan ing kahanan kados makaten, Gatoloco nelakaken bilih Dewi Lupitwati lan sedaya wanita punggawanipun sampun kaanggep dados sisihanipun. Gatoloco nyuwun supados sedaya sami manut lan bekti dhumateng piyambakipun minangka tiyang kakung. Gatoloco lajeng medhar piwulang tumrap Dewi Lupitwati lan sedaya punggawaninpun ingkang sampun pasrah bongkokan dados sisihanipun Gatoloco.
 
Padhepokan Cemarajamus ingkang saderengipun kondhang minangka papan ingkang wingit, punapa malih tumrap para priya, sapunika sampun malik grembyang dados papan ingkang tinarbuka. Kawusananipun Padhepokan Cemarajamus ngrembaka dados papan kangge ngangsu kawruh. Sedaya sisihanipun Gatoloco, inggih Dewi Lupitwati tuwin punggawa punggawanipun rumaos remen sanget. Sedaya rumaos ayem saha tentrem.




Serat



Serat Kaca Wirangi

Serat kaca wirangi inggih punika dedongenganipun peksi perkutut dhumateng peksi derkuku mralambangaken pepindhan bab adeging gesangipun manungsa. Cariyos Dipun wiwiti saking ginemanipun kupu petak, abrit, jene, wungu, ijem, biru kaliyan cemeng ingkang sami mameraken warni ingkang dipun gadahi. Kados kupu petak gadhah panganggep warni petak punika mralambangaken kasucian kaliyan kajujuran, kupu abang ugi gadah panganggep warninipun langkung sae kaliyan dipunremeni lare-lare alit, kupu jene ugi boten katinggalan gadhah panganggep warninipun mriyayeni kaliyan boten juwarehi, kupu wungu gadhah panganggep warninipun guwaya, kupu ijem gadhah panganggep warninipun langkung becik kaliyan boten boseni, kupu biru gadhah panganggep biru punika warni ingkang langkung becik, semana ugi kupu cemeng gadhah panganggep warni cemeng punika saged ngawonaken warni-warni sanesipun. 

Saking cariyos punika Peksi perkutut lajeng maringi dudutan inggih punika, sejatosipun sae utuwa awon punika miyos saking anggepan raos. Menapa ingkang dipunremeni punika ketingal sae, ingkang awon dipun tutupi. Sampun kodratipun, manungsa remen ngalem piyambakipun.

Cariyos dipun lajengaken, wonten sesotya pethak, wasta sesotya manik maya, ngendika kaliyan kupu, menawi sedaya ules ingkang kupu gadahi punika sae, inggih wonten petak, abrit, jene, wungu, ijem, biru kaliyan cemeng. Nanging menawi namung warni kemawon tanpa cahya, inggih dados cebleh. Ibaratipun manungsa ingkang bagus pasuryanipun nanging boten gadhah cahya, inggih mboten wonten prabawanipun. Lajeng wonten sesotya abrit, wasta sesotya geni maya, mameraken cahyanipun ingkang abrit abramara kados geni mawa. Wonten malih sesotya jene, mameraken kaendahanipun, inggih punika cahya ingkang jene sumunar, wasta sesotya mirah delima. Wonten malih sesotya wungu, mameraken cahya ingkang wungu mengesm wasta sesotya manik pusparaga. Wonten malih sesotya ijem, mameraken cahya ingkang ijem ngenguwung, wasta sesotya tinjo maya. Wonten malih sesotya biru, mameraken cahya ingkang biru muyek, wasta sesotya manik nila pakaja. Wonten malih sesotya ingkang cemeng, mameraken endahing cahya ingkang cemeng meles meleng-meleng, inggih punika wasta musthikaning bumi. Sedaya sami endah ing pasuryan, mangertosi punika wau, kupu sami kucem. Amargi jebul langkung endah sesotyanipun katimbang kupunipun.

Saking cariyos punika saged dipun pundhut dudutan, manungsa punika dipunhormati kaliyan dipun ajeni boten namung saking pasuryan kemawon nanging saking padhang utawa kaweningan, inggih punika ulah budi.

Cariyos kalajengaken, gineman antawis berleyan kaliyan para sesotya. Berleyan ngendika menawi kadadeanipun warni inggih punika saking cahya. Tanpa cahya boten wonten warni. Berleyan lajeng maringi pirsa dhateng para sesotya, pilih antawis gadhah warna nanging cahyanipun namung sedheng utawi boten gadhah warni nanging cahyanipun seged ngungkuli sedaya ingkang gadahi warni. Sesotya boten wonten ingkang mangsuli, lajeng berleyan mangsuli piyambak, menawi panjeneganipun langkung milih boten gadhah warni nanging cahyanipun saged ngungguli sedaya ingkang gadahi warni. Amargi unggulipun berleyan punika boten gadhah warni nanging saged nampung sedaya warni.

Saking cariyos punika dudutanipun inggih punika cahya punika ibarat saking budi, warni punika ibarat saking raos. Berleyan punika dipun ibarataken tiyang ingkang pinunjul ing budi nanging boten gumedhe lan saged nundukake kapinginan pribadi. Manungsa ingkang makaten saged dipundadosaken tetuwa, saged momot dhateng watakipun tiyang ingkang benten-benten, dening boten gadhah watak piyambak.

Peksi perkutut nglajengaken cariyos malih, sedaya sesotya ngraosaken asoripun piyambakipun, langkung-langkung kupu. Lajeng sesotya kaliyan kupu badhe ngratu kaliyan berliyan, nanging berleyan ngraosaken mboten pantes dados ratu kaliyan dereng sempurna. Berleyan ngendika, menawi sesotya, kupu, watu, areng, saged ngratu kaliyan kaca benggala. kaca benggala punika gadhah cahya ingkang tikel ping sewu katimbang berliyan. Sanget sempurna. Mangertosi kasebut, sesotya, kupu, watu kaliyan areng kapinging sumerep ingkang wasta kaca benggala lajeng kepanggihan. Sesampunipun sumerep bentukipun kaca benggala punika, sesotya, kupu, watu kaliyan areng ora nyana menawi wujudipun kados panjeneganipun. Lajeng berleyan maringi pirsa, menawi ingkang dipun pirsani sesotya, kupu, watu kaliyan areng  punika inggih sejatosipun piyambakipun. Mangertosi punika, sedaya sami paham menawi kaca benggala punika langkung weninge ngantos sinten ingkang mirsani boten sadar menawi ingkang dipunpirsani sejatosipun inggih punika piyambakipun.

Saking cariyos punika saged dipun pundhut dudutan kaca menika dipun ibarataken tiyang ingkang sampurna, boten niyat ngatonaken diri. Tiyang ingkang makaten suka rila dipunwastani asor, ewadene boten nampik dipunwastani luhur, sarta suka rilanipun boten dipunpamerake.