Friday, December 6, 2013

Tembung Kosok Balen

abot >< entheng
andhap asor >< murang tata
adhem >< panas
adol >< tuku
akeh >< sethithik
ala >< becik
angel >< gampang
anggak >< grapyak
apal >< lali
atos >< empuk
bandel >< gembeng
banter >< rindhig/ alon
bathi >< rugi
begja >< cilaka
bener >< luput
bening >< butheg
brangasan >< sabar
boros >< irit
bungah >< susah
cedhak >< adoh
cendhak >< dawa
cethek >< jero
ciut >< amba
culika >< jujur
cuwa >< lega
dhuwur >< cendhek
duka >< rena
dursila >< susila
entek >< isih
gabug >< mentes
gedhe >< cilik
gela >< marem, lega
gemi >< boros
gething >< seneng
goroh >< jujur
gundhul >< ketel
jago >< babon
jirih >< kendel
kaku >< lemes
kalah >< menang
kandel >< tipis
kasar >< alus
ketiga >< rendheng
kemproh >< resikan
kendel >< jirih
kuru >< lemu
landhep >< kethul
larang >< murah
padhang >< peteng
padu >< rukun
rame >< sepi
rampung >< wiwit
rancag >< rendhet
rekasa >< kepenak
rikat >< alon  
sareh >< kesusu
satru >< kanca
sedhep >< cemplang
sedih >< seneng
sepele >< wigati
sregep >< kesed
subur/loh >< cengkar
suda >< tambah
susah >< bungah
 tabah >< kuwatir
takon >< mangsuli
teka >< lunga
tuku >< adol
turah >< kurang/cumpen
ukuman >< ganjaran
umuk >< nyata
urip >< mati
wareg >< ngelih/luwe
wetan >< kulon

wedi >< wani

Tembang Dolanan

Sluku-Sluku Batok

Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit

Ilir-Ilir

Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodoiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo

Padhang Bulan

Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang bulan padhangé kaya rina
Rembulané sing ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré

Dhondhong apa salak

Dhondhong apa salak
Dhuku cilik-cilik
Andhong apa mbecak
Mlaku dimik-dimik

Jaranan

Jaranan- jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak ndoro bei
sing ngiring para mentri
Jeg-jeg nong, jreg-jreg gung
Jeg-jeg gedebuk krincing
Gedebug jedher
Gedebug krincing
Jeg-jeg gedebuk jedher

Menthok-Menthok

Menthok-menthok tak kandhani
Mung solahmu angisin-isini
Bokya aja ndheprok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Methok-menthok
Mung lakumu megal-megol gawe guyu

Gundul-Gundul Pacul

Gundul-gundul pacul cul, gemelelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul, gemelelengan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan

Geguritan

Anak Wedok Anak Lanang

Anggitan : Sudi Yatmana

anak wedok
apa kowe bisa nglangi 
inggih bapak kula cobi
nglangi ana ngendi
ing bebrayan ing sesami

anak lanang
apa kowe wani perang
inggih ibu kula rancang
perang ana ngendi
ing nepsu dhiri pribadi

anak wedok anak lanang
lelorone dakgadhang
bisa lan wani ngupadi
mrih ungguling jatidhiri

anak-anakku
apa kowe nedya maju
bapak ibu kula tuhu
maju ing bab apa
ajining gesang punika

Wrekudara

Wrekudara

Wrekudara iku sebutane Bima nalika wis gedhe. Jeneng nom-nome yaiku Wijasena. Wrekudara uga sering diarani Bratasena satriya Jodhipati utawa Munggul Pawenang.
Bratasena iku duwe watak jujur, ora gelem goroh, blaka suta utawa terus terang, seneng mbela wong kang ringkih, lan setya marang janji sing diucapke.
Bratasena sekti mandraguna, yen perang ora tau kalah. Timbang kalah perang aluwung mati. Bratasena kasinungan utawa duwe kuku Pancanaka ing jempol tangan tengen lan kiwa. Kuku pancanaka landhepe tikel ping pitu peso cukur, tur mawa wisa.
Bratasena satriya dhegus, gedhe tur bagus, dipundhut putra angkat dening bathara bayu, dewaning angin. Mula bratasena uga aran Bayusuta. Suta tegese anak, Bayu padha karo angin. Dadi Bayusuta tegese anak angin. Bratasena yen mlayu, playune didhisiki angin lan ditutake angin.

(Sumber : Basa Jawa 3)

Prabu Rahwana

Prabu Rahwana

Prabu Rahwana utawa Dasamuka ratu ing Ngalengka iku wujud raseksa. Duwe adhi telu yaiku Kumbakarna, Sarpakenaka, lan Gunawan Wibisana.
Kumbakarna wujud raseksa nanging becik budine, Sarpakenaka buta wadon kang kukune landhep mawa wisa, lan Gunawan Wibisana manungsa biyasa bagus rupane.
Prabu Rahwana sekti mandraguna nanging duwe watak angkara murka. Senadyan wis duwe bojo widadari, isih nyolong garwane Prabu Rama, yaiku Dewi Sinta.

Amarga kalakuane kang ala kuwi, Ngalengka diserbu dening bala kethek, prajurite Prabu Rama. Para raseksa balane Rahwana ditumpes tapis dening wadya kethek.

(Sumber : Basa Jawa 3)

Puntadewa

Puntadewa

Puntadewa aliyas Yudhistira iku putrane Pandhu Dewanata ratu ing Ngastina saka garwa Dewi kunthi. Puntadewa duwe adhi kandhung loro, yaiku Bima lan Arjuna. Puntadewa uga duwe adhi kuwalon loro, yaiku Nakula lan Sadewa.
Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa diarani pandhawa tegese anak lima lanang kabeh. Pandhawa iku anake Pandhu Dewanata. Dadi Puntadewa iku Pandhawa mbarep utawa nomer siji. Puntadewa dadi ratu ing Amarta.
Puntadewa aliyas Yudhistira duwe sifat adil lan jujur. Puntadewa uga duwe gelar Ajatsatru amarga selawase urip ora tau duwe satru. Amarga duwe sifat-sifat kang becik mau, Puntadewa dihadiyahi karo para dewa, nalika mlaku ora tau ngambah lemah. Nalika dheweke numpak kreta kencana, rodha kretane melu ngambang ing dhuwur lemah.


(Sumber : Basa Jawa 3)

Anoman

Anoman

Anoman kuwi wujud kethek putih memplak. Duwe kuku dawa ana jempol tangane. Jenenge kuku Pancanaka, kaya kukune Wrekudara. Sandhang panganggone Anoman kaya sadhang panganggone Wrekudara.
Anoman iku trengginas, trampil cukat mencolot utawa mletik. Awake entheng banget prasasat bisa mabur. Nalika brubuh Ngalengka, Anoman tinuding dadi Senapati Prabu Ramajaya. Awit saka kasektene, Rahwana sabalane bisa ditumpes dening Anoman sabalane kang awujud kethek.
Anoman iku putrane Dewi Anjani patutan karo Bathara Guru ing Kahyangan Argadumilah. Bathara Guru panggedhening para dewa. Dadi Anoman iku setengah dewa. Mula sekti banget lan umure nganti pirang-pirang atus taun.
Bareng wis tuwa Anoman madeg dadi Pandhita, aran Resi Mayangkara. Kasatriyan Kendhalisada diowahi dadi Pratapan Kendhalisada. Cantrike Anoman akeh banget ing antarane putra Pandhawa kayata Gathutkaca, Antareja, Antasena, uga Abimanyu.

(Sumber : Basa Jawa 3)

Baru Klinthing

Baru Klinthing

Nalika Desa Mangir ana wong duwe gawe Ki Ageng Wanabaya iya Ki Ageng mangir sepuh, sing lagi mratapa ing Gunung Merapi, mulih jagong menyang desa Mangir.
Kacarita ana bocah Prawan anake Demang Jeglong melu rewang olah-olah, nanging ora nggawa lading. Weruh Ki Ageng Wanabaya linggih dhewekan karo nggowo lading, banjur diparani ladinge disilih. Ki Ageng menehake karo meling lading iku aja diselehake ing pangkon. Bocah prawan nyaguhi.
Dumadakan awit akehe gawean, prawan kesel. Kelalen lading silihan dipangku karo ngaso. Wekasan prawan ngantuk banget nganti keturon, bareng tangi kaget banget, awit lading silihane ilang saka pangkone. Prawan enggal-enggal kandha marang Ki Ageng yen ladinge ilang. Ki Ageng mangsuli ilange lading ora dadi apa. Mung meling ing tembe yen prawan nemoni lelakon ora kenyana-nyana kudu tabah ngadhepi. Sawise mangkono Ki Ageng banjur bali mratapa ing Gunung Merapi maneh.
Bubar gawe, prawa mulih menyang jlegong. Bareng oleh telung sasi ana omah, aneh banget bocah prawan krasa yen ngandheg. Awake krasa panas. Banjur adus kungkum ing jembangan. Ana jembangan kono, ndilalah kersane Sing Murba Jagad, prawan ora nglairake lumrah, nanging nglairake ula. Saka wedine banjur mentas saka jembangan, sarta ngawasake ula saka kadohan.
Kocapa ula banget enggal gedhe. Jembangane sesek nganti pecah. Papan tilas jembangan saya suwe saya amba, awit kanggo obah-obah ula sing saya suwe saya gedhe lan dadi naga. Tilas jembangan dadi tlaga, tekan seprene diarani tlaga jembangan.
Aneh banget. Naga kaya wis ngerti marang prawan biyunge sing ngawasake saka kadohan. Naga banjur marani prawan. Prawan wedi banget, saka wedine nganti semaput. Naga kanthi tata krama nangisi si biyung. Kena luhing naga, prawan dadi eling. Lah kok naga bisa omong karo biyunge, takon bapake. Prawan banjur ngandhani naga supaya takon menyang Ki Ageng Mangir Anom. Sawise pamit kanthi becik, naga banjur tleser-tleser ninggal biyung lan Tlaga Jembangan tumuju marang Mangir.
Tekan Mangir, dikandhani karo Ki Ageng Mangir yen bapake iku Ki Ageng Wanabaya sepuh sing lagi tapa ana ing Gunung Merapi. Naga banjur pamitan arep nggoleki bapake. Lakune ora ngambah lemah. Nanging mabur metu ngawang-ngawang awor karo angin. Sarta nganggo swara kumrincing kumrangsang kaya swarane klinthing sayuta. Awit lakune mawa swara mangkono, naga iku diarani Baru Klinthing.


(Sumber : Ajar Basa Kelas 3 SD)

Thursday, November 28, 2013

Tuladha Geguritan

Dewi Pertiwi

Anggitan : Adnia Pravitasari

Kumlinthinge wirama gamelan
Dadya punjering nyawa raga
Ngobat-ngabit daya rasa
Sarta sinambungan tan matesi
Wus nyawiji mbebles ati

Duh, dewi pertiwi
Sumorot guna-gunamu nengsemake
Kayata sesotya
Dadi rengganing negara

Pancen tan kleru
Sliramu sulistya kang pinuja
Tlatah kebaking budaya
Kawentar ing mancanegara

Friday, September 13, 2013

Essay BLSM



BLSM kok salah sasaran

BBM mundhak. Ukara iki pancen dudu prakara anyar sing ditindakna pamarentah Indonesia. Kabeh dadi sarwo larang, kawit bensin, solar, nganti sembako uga melu larang. Ancas Pamarentah ngundhakake BBM iku amarga APBN wis ora bisa nyukupi maneh menawa digawe nyubsidi terus-terusen. Banjur kanggo ngringanke bebane wong meskin, pamarentah menehi bantuan sing jenenge BLSM (Bantuan Langsung Sementara Masyarakat). 

BLSM iki pancen nuwuhake pro lan kontra, sejatine iki ya rada kurang bener, amarga BLSM iku sifate mung sawetara wektu, mangka BBM mundhak iku ora mung sedhela. Banjur apa rakyat uga bakal bisa katulungan kanggo nyukupi kebutuhan padinane kanthi BLSM. Apa maneh akeh kasus BLSM salah sasaran, apa iku ora nambahi sangsarane wong meskin ?

Ora akurate data sing dadi panyebab utamane BLSM salah sasaran. Mangka dana sing sejatine kanggo wong sing luwih mbutuhake, malah ora katuju sasaran tenan. Kabukti akeh wong sing mampu materine, melu katut kaduman dana BLSM. Iki sing marakake jenjeme wong meskin, amarga akeh jenenge wong meskin sing ora kecantum dadi panrima BLSM. Apa maneh sejatine pamerentah menehi BLSM iku mung kanggo srana bantuan, dudu kanggo nyukupi kabeh kabutuhan rakyat seteruse. Banjur bisa krasa orane Panrima BLSM marang dana sing jumlahe Rp. 150.000, iku uga gumantung karo kabutuhan sing kudu dicukupi.  

Yen mengkene, bola-bali wong cilik sing tansaya sangsara, ana panduman BLSM ya ndelalah ora bisa kaduman kabeh. Mangka pamarentah nduweni tanggung jawab ngeyubi rakyat meskin lan makmurake rakyate, mligine prakara ekonomi. Mula supaya ora salah sasaran mengkono, kudune dianake survei utawa terjun langsung ning lapangan, kanggo nyateti sapa wae sing sejatine duweni hak nampa BLSM lan sapa sing ora, kareben wektu ana panduman BLSM  datane bisa akurat lan ora nuwuhake prakara maneh sing anyar. Senajan anaa BLSM, nanging masarakat uga aja banjur nggantungake marang BLSM amarga sifate iku mung sawetara wektu, pamerentah menehi BLSM nganti 6 sasi wae.

Thursday, September 12, 2013

Essay



Ning ngendi hake wong mlaku

Was-was pancen, nalika ana ing dalan gedhe, rasane keslametan iku wigati banget. Ora mung kanggo kendaraan umum nanging wong mlaku wae atine ora pati ayem. Kok bisa? kepriye arep ayem yen dalan iku mung kanggo ajang sewenang-wenange kendaraan umum. 

Saben tahun, jumlah kendaraan umum iku saya suwe saya akeh. Wiwit sing roda 4, roda 2, nganti roda 3 uga ora keitung jumlahe. Dadi saben dina dalan iku katon rame banget, kadhang nganti sok macet. Prakarane ora mung macet wae nanging kelakuane para pengendara motor sing terkadang gawe jengkele wong mlaku ing trotoar uga dadi prakara sing kudu dituntasake. Biasane prakara iku disebabake dening pengendara motor kang ora sabar lan pilih dalan pintas, yaiku nrabas dalan kang ora sejatine kanggo lewat kendaraan motor.

Kedadean sing kaya mengkana pancen akeh ditemoni ing kutha-kutha gedhe. Dadi ya ora gumun nalika ana sawetara motor lewat ing trotoar kanthi sapenakke dhewe. Padahal sejatine pamarentah nggawekake trotoar iku khusus mung kanggo wong mlaku, supaya wong mlaku iku bisa ngrasa aman lan kepenak nalika mlaku ing pinggir dalan. Nanging amarga kahanan sing malih beda, trotoar saiki bisa dadi ganti guna sing ora samesthine. Akibate wong mlaku malah kudu ngalah marang pengendara motor sing lewat trotoar, nanging yen suwe-suwe dijarake lan sansaya kebangeten, mesti iku uga bisa ndadekake prakara anyar sing ora dikepengini.

Mangertine kahanan sing kaya mengkana, pamarentah duweni tanggung jawab supaya ngetatake peraturan ing dalan, sebab saben dalan iku duwe aturan dhewe-dhewe. Khususe dadi tugase polisi lan Dishub supaya nertibake pengendara motor sing isih seneng lewat dalan sing ora dadi hake, amarga iku wis termasuk nglanggar hukum.

Padahal awake dhewe asring nganggep masyarakat wetanan iku luwih duweni adab ketimbang masyarakat kulonan. Nanging yen egone wae isih diluwih utamake, iku padha wae ora trep kaya apa sing dikandakake mau. Aja nganti awake dhewe dadi bangsa sing ora duweni adab, amarga luwih mentingake urusan pribadi katimbang urusane liyan.







Suluk



Suluk Gatoloco

Cariyos ing Suluk Gatoloco kawiwitan ing negara gung gemah ripah tata raharja karan Jajarginawe, wonten ratu nama Suksmawisesa gadhah putra ingkang awon sanget. Putra punika dipun paringi nama Gatoloco. Nanging danguning- dangu ibunipun gatoloco mboten kiyat gesang kaliyan pajenengane. Lajeng gatoloco katundhung, kapurih tapa gentur ing papan sepi ingkang aran Waringinsungsang. Kesahipun kairing abdi dalem asmanipun Darmagandhul. Dedeg piyadegipun Darmagandhul ugi awon sanget.

Sasampunipun mertapa salami 21 taun panyuwunanipun katampi dening Hyang Ingkang Murbawisesa. Gatoloco lajeng kasinungan wahyu baud, nyrekal mring samining jalma, tan nggegulang mring wicara langkung wasis, tan sinau nanging lebet ilmunipun, lan mumpuni dhumateng sakathahing sastra. Lajeng gatoloco nyuwun idi dhumateng ramanipun supados nglilani gatoloco ingkang badhe lelana. Nanging ing lelana, gatoloco remen sanget madat lan minum, punika dadosaken darmagandhul sedih sanget amargi menawi dipunaturi malah ndukani.

Gantos cariyos, wonten 3 kyai saking pondhok Rejasari dipun iringi 6 santri lelana badhe sowan dhateng podhok ing Cepekan. Tetiganipun Kyai wau kasinungan ilmu ingkang wiyar. Nalika panjenengane sedaya ngaso ing pinggir margi sangandhapipun wit ringin ageng, wonten tiyang ingkang alit, rekmanipun kriting, praupanipun kucem, socanipun kera, kekalih imbanipun gathuk, grananipun pesek, tutukipun alit. Tiyang wau gatoloco. Tanpa ewet, gatoloco nyumet rokok, asepipun ngeblebeki 3 kyai lan santri ingkang wonten ngriku. Lajeng 3 kyai lan santri menika sami nacat gatoloco ingkang mboten gadah trapsila lan tatakrama. Danguning-dangu Gatoloco mboten trima yen panjenengane dipuncacat kaliyan tiyang-tiyang wau, kagem nglipur manahipun, gatoloco mundhut candu lan ditedha ngantos telas. Lajeng gatoloco dados katon sabar nrima panacat tiyang-tiyang wau.

Salah satunggaling kyai, nyobi aruh-aruh lan taken asmanipun gatoloco. Nalika mangertosi asmanipun gatoloco, kyai wau gumajeng lan nerangaken menawi gatoloco punika asma ingkang awon lan saru sanget, mboten sanes aran peranganipun badan manungsa kakung. Lajeng Gatoloco nyuwun para kyai tuwin santri saking Rejasari punika sinten ingkang saget ngandharaken ing antawisipun dhalang, wayang, kelir lan lampu blencong ing pakeliran wayang punika sinten ingkang langkung sepuh. Nanging mboten wonten tiyang ingkang wangsulanipun leres. Gatoloco marahaken ingkang langkung sepuh inggih menika lampu blencong. Nanging, Gatoloco tansaya pethakilan nalika njlentrehaken pralambang blencong, kelir,wayang lan dhalang. Tigang guru saha nenem santri dangu-dangu rumaos mboten remen dhumateng pratingkahipun Gatoloco. Para kyai lan santri kalawau lajeng nilaraken Gatoloco. Mangertosi dipunjaraken kaliyan dipuntilaraken, gatoloco misuh-misuh. 

Lajeng wonten tiyang kalih nama Suto kaliyan Noyo, ngaso ing sandinge gatoloco. Suto lan Noyo nyumet rokok, ingkang asepipun ngeblebeki gatoloco ingkang dadosaken gatoloco murina lan misuh-misuh. Mireng pisuhanipun gatoloco, Suto kaliyan Noyo ugi murina, lajeng sami-sami pisuh-pisuhan. Gatoloco lajeng aben elmi kaliyan kekalihipun, babagan gesang-pagesangan. Ingkang pungkasanipun, gatoloco dipuntilaraken kaliyan Suto lan Noyo.

Gantos cariyos, 3 kyai kaliyan santri 6 wau, dumugi pondok ing cepekan. Ing ngrika para tiyang wau matur kaliyan kyai Hasan Besari menawi nalika nglelana datheng pondok cepekan, kepanggih tiyang ingkang awon sanget rupanipun kaliyan pratingkahipun nanging elmunipun inggil sanget. Tiyang wau nama Gatoloco. Midanget punika, kyai Hasan duka, lajeng ngutus 3 santri supados mbekta gatoloco dateng pondok cepekan kangge aben elmi kaliyan panjenenganipun. Kyai hasan ngendika menawi panjenenganipun kawon, panjenengane bakal nyuwek tutukipun. 

Pungkasan, santri ingkang dipunutus kyai hasan kalawau saged mbekta gatoloco ngadep kyai Hasan. Lajeng gatoloco kaliyan kyai hasan aben ilmu ing langgar, nanging kyai hasan kawon. Ilmunipun gatoloco jebul langkung inggil babagan gesang pagesangan kaliyan agama katimbang kyai hasan. Lajeng kyai hasan kesah nilar saking Pondhok Cepekan, sedaya kagunganipun, sedaya santri, sedaya guru tuwin sedaya kyai tamunipun saking Rejasari kapasrahaken dhateng Gatoloco. Sageta kawucal sedaya ngelmunipun.

Sesampunipun kyai hasan nilaraken pondok, gatoloco mucal para santri igkang kathah. Panjenenganipun mucal sedaya ilmu ingkang panjenenganipun gadhahi. Sasampunipun rinaos cekap, Gatoloco lajeng nilar Pondhok Cepekan, sedya ngulandara malih. Nanging piyambakipun weling dhateng para santri bilih mboten dangu malih badhe wangsul ing pondhok punika. Samangkih sasampunipun wangsul saking ngulandara, Gatoloco badhe mucal para santri malih murih sansaya tambah ngelmunipun, inggih ngelmu babagan sangkan paraning dumadi. 

Wusana, Gatoloco dumugi ing ereng-erengipun Gunung Endragiri. Ing tlatah punika dedunung sawetawis begawan, resi lan wiku. Gatoloco lajeng wiwit nyebar cangkriman, nedahaken kalangkunganipun. Nalika wonten begawan, resi lan wiku ingkang nanggapi cangkrimanipun, Gatoloco lajeng ngejak bantahan ngelmu. Kanyata, para begawan, resi lan wiku wau mboten saget ngugemi sipat sabar nalika pepanggihan lan bantahan ngelmu kaliyan Gatoloco.
 
Ing pucukipun Gunung Endragiri punika dedunung para wanita dhusun ingkang kiyat mertapa Ingkang gadhah ratu nama Retna Dewi Lupitwati. Piyambake Sekti mandraguna, ageng pangaribawanipun, tuwin sanget dipunsuyuti dening para prajuritipun. Para punggawanipun sedaya wanita, sedaya ugi sulistya ing rupi.
 Dewi Lupitwati dedunung ing Cemarajamus, ing wewengkon Guwa Siluman ingkang kondhang wingit lan angker. Mboten wonten manungsa ingkang saget mlebet ing papan punika menawi mboten pikantuk idi palilahipun Dewi Lupitwati. Ananging Gatoloco kanthi gampil saget mlebet ing papan punika. Dewi Lupitwati kaget sanget mangertos wonten priya ingkang awon rupi lan wujudipun saget mlebet ing papan dunungipun. Dene Gatoloco lajeng lenggah sesandhingan kaliyan Dewi Lupitwati. Patrapipun damel dukanipun sedaya punggawanipun Dewi Lupitwati. Dewi Mlenukgembuk ingkang sepisanan duka dhateng Gatoloco. Dipunsusul Dewi Dudulmendut, Dewi Rara Bawuk, Dewi Bleweh lan ingkang pungkasan Dewi Lupitwati piyambak. Sedaya wanita ingkang sulistya ing rupi punika mbabar cangkriman ingkang kedah dipunbedhek dening Gatoloco. Lan kawusananipun, Gatoloco saget mbedhek sedaya cangkrimanipun. Salajengipun sedaya wanita punika pasrah bongkokan dhateng Gatoloco, sedya dipundadosaken punapa kemawon dening Gatoloco.  Gatoloco dados remen sanget. Punapa malih nalika mireng ngendikanipun Dewi Lupitwati ingkang nelakaken pasrah jiwa raga dhateng Gatoloco sasampunipun Gatoloco kasil mbedhek sedaya cangkriman ingkang dipunbabar para punggawanipun lan cangkriman ingkang dipunbabar piyambak. Anehipun, sikep umuk lan adigang, adigung tuwin adigunanipun Gatoloco lajeng luntur. Gatoloco malih dados priya ingkang ageng pangaribawanipun. Lan ing kahanan kados makaten, Gatoloco nelakaken bilih Dewi Lupitwati lan sedaya wanita punggawanipun sampun kaanggep dados sisihanipun. Gatoloco nyuwun supados sedaya sami manut lan bekti dhumateng piyambakipun minangka tiyang kakung. Gatoloco lajeng medhar piwulang tumrap Dewi Lupitwati lan sedaya punggawaninpun ingkang sampun pasrah bongkokan dados sisihanipun Gatoloco.
 
Padhepokan Cemarajamus ingkang saderengipun kondhang minangka papan ingkang wingit, punapa malih tumrap para priya, sapunika sampun malik grembyang dados papan ingkang tinarbuka. Kawusananipun Padhepokan Cemarajamus ngrembaka dados papan kangge ngangsu kawruh. Sedaya sisihanipun Gatoloco, inggih Dewi Lupitwati tuwin punggawa punggawanipun rumaos remen sanget. Sedaya rumaos ayem saha tentrem.