Wrekudara
Wrekudara iku sebutane Bima nalika wis gedhe. Jeneng nom-nome yaiku
Wijasena. Wrekudara uga sering diarani Bratasena satriya Jodhipati utawa
Munggul Pawenang.
Bratasena iku duwe watak jujur, ora gelem goroh, blaka suta utawa terus
terang, seneng mbela wong kang ringkih, lan setya marang janji sing diucapke.
Bratasena sekti mandraguna, yen perang ora tau kalah. Timbang kalah perang
aluwung mati. Bratasena kasinungan utawa duwe kuku Pancanaka ing jempol tangan tengen
lan kiwa. Kuku pancanaka landhepe tikel ping pitu peso cukur, tur mawa wisa.
Bratasena satriya dhegus, gedhe tur bagus, dipundhut putra angkat dening
bathara bayu, dewaning angin. Mula bratasena uga aran Bayusuta. Suta tegese
anak, Bayu padha karo angin. Dadi Bayusuta tegese anak angin. Bratasena yen mlayu,
playune didhisiki angin lan ditutake angin.
(Sumber
: Basa Jawa 3)
No comments:
Post a Comment